Selasa, 05 Februari 2013

Teks Pembukaan Bahasa Jawa Pon.Pes. Darussalam




TEKS PEMBUKAAN BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Hadirotil kuroma’ poro ‘alim ‘ulama’ khusoshon ila shohibil fadilah asysyeh al ‘alim al alamah panjenenganipun Bapak Kyai Muhammad Syuaibul Harits Al Ghozali dalah Ibu’ Jawahirinni’mah ingkang kawulo taati soho ingkang sanget kawulo hormati.
            Dumateng Bapak kepala  madrasah diniyah Darussalam ingkang kawulo homati.
            Dumateng Asatidz asatidzat madrasah diniyah Darussalam ingkang kawulo taati.
            Mboten kasupen dumateng Bapak Kyai................... ingkang kito tenggo-tenggo sedoyo mauidhoh hasanahipun............
            Dumateng para bapak kyai sesepuh pinisepuh dusun Jepalo ingkang kawulo dereaken sedoyo fatwa-fatwaipun.
            Dumateng Bapak pejabat pemerintah, wiwit saking Bapak lurah ngantos dumugi Bapak RT ingkang kawulo hormati ugi.
            Dumateng sedoyo tamu undangan, Muslimin-muslimat Ansor fatayat Rohimana Warohima Kumullah.
            Mboten kasupen maleh rekan-rekan talamidz-talamidzat madrasah diniyah soho santri TPQ Darussalam ingkang kawulo tresnani.
            Wonten ing siang meniko monggo kito sareng-sareng ngunjuakaken raos syukur dumateng Alloh SWT, ingkang sampun pareng rohmat, ni’mat, taufiq, soho hidayahipun dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget ngrawuhi pengaosan umum dalam rangka.............................. kanti keadaan eco soho sekeco.
            Saklajengipun sholawat soho salam mugio kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Rosulullahi SAW. Biqouli Allahumma sholi ‘ala syaiyidina Muhammad, kanti sholawat meniko mugi-mugio kito pikantuk syafaatipun milahi ing donyo ngantos dumugi ing akhirat, kanti ridhanipun Alloh SWT. Amin Allahumma Amin.
            Kaping tiganipun , kawulo wonten ing mriki bade maosaken susunan acara pengaosan dalam rangka Maulid Nabi Muhammad SAW. Madrasah Diniyah Darussalam.
·         Acara ingkang ongko sepindah injih meniko : pembukaan .
·         Acara ingkang ongko kalih waosan ayat –ayat AlQur’an dipun lajengaken sholawat badriyah .
·         Acara ongko tigo waosan sholawat Al- Barjanji
·         Wondene tahlil umum dumawah acara ongko sekawan .
Dipun lajengaken acara ingkang ongko gangsal sambutan – sambutan
Acara ingkang ongko nem istirohah .
Wondene acara ingkang ongko pitu , Mauidhoh khasanah dipun lajengaken do’a .
Acara ingkang ongko wolu penutup .
Mekaten kolo wau menggah susunan acara pengaosan wonten ing wekdal siang meniko .
Poro hadirin – hadirot rohimana warohima kumullah .
Monggo kito sareng – sareng milai acara ingkang ongko sepindah injih meniko : pembikaan , pengaosan wonten ing dalu meniko monggo kito bikak sesarengan kanti waosan surotul fatihah , wondene pahalanipun kawulo aturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Rosulullahi SAW , lan sak keluarganipun lan shohabatipun lan poro pejuang – pejuang agami islam ingkang sampun ngerumiyini dumateng kito sedoyo lumeber dumateng tiyang sepah kito ingkang sampun sumare wonten alam barzah , syaiul lillahi lahumulfaatihah .
Matur nuwun dumateng waosan surotul faatihah kolo wau mugi – mugio dadosaken hikmah lan ngelancaraken pengaosan wonten ing wekdal dalu meniko .
Kawulo lajengaken acara ingkang ongko kalih , waosan ayat –ayat Al Qur’an, ingkang bade dipun waos deneng Akhinal Kharim .......................... wekdal soho panggenan kawlo aturaken sumonggo .
Mekaten kolo wau menggah waosan ayat – ayat Al Qur’an ingkang sampun dipun waos deneng Akhinal Kharim ............................. Kawulo ngaturaken gungeng panuwun .
Kawulo lajengaken acara ingkang ongko tigo, waosan sholawat Al-Barjanji, ingkang bade dipun waos deneng........... wekdal soho panggenan kawlo aturaken sumonggo .
Mekaten kolo wau menggah waosan sholawat Al-Barjanji ingkang sampun dipun waos deneng  ............................. Kawulo ngaturaken gungeng panuwun .
Sakmeniko dumawah acara ingkang ongko sekawan , waosan tahlil ingkang bade dipun ruusi deneng Akhinal Kharim ...............wekdal kawulo sumanggaaken .
Taqobbalallahu minnaa wamingkum taqobbal ya karim , mekaten kolo wau menggah waosan tahli ingkang sampun dipun ruusi deneng Akhinal Kharim ....................... kawulo ngaturaken gungeng panuwun .
Kawulo lajengaken acoro ingkang ongko gangsal sambutan –sambutan :
a.       Sambutan saking panitia , ingkang bade dipun wakili deneng Akhinal Kharim .............. wekdal kawulo sumanggaaken
Mekaten kolo wau menggah sambutan saking panitia ingkang sampun dipun aturaken deneng Akhinal Kharim....................... kawulo ngaturaken gunging panuwun .
Kawulo lajengaken sambutan b. Sambutan Wakil Siswa , ingkang bade dipun wakili deneng Akhinal Kharim ................. wekdal kawulo sumanggaaken .
Mekaten kolo wau menggah sambutan saking Wakil Siswa, kawulo ngaturaken gunging panuwun .
Sakmeniko kawulo lajengaken acara ingkang ongko enem injih meniko istirohah , wondene istirohah bade dipun isi waosan sholawat deneng Gema Al Amanah ....... wekdal kawulo sumanggaaken .
Mekaten kolo wau menggah waosan sholawat ingkang sampun dipun waos deneng group Al Amanah kawulo ngaturaken matur nuwun .
Saklajengipun acara ingkang ongko pitu , acara ingkang kito tenggo – tenggo , injih meniko , mauidhoh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Ibu Jawahirinni’mah pramilo dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo .
Mekaten kolo menggah pengaosan umum Maulid NabiMuhammad SAW Madrasah Diniyah Darussalam ingkang sampun kito midangetaken sesarengan , mugi – mugio kito mundut hikmahipun lan ugi manfaat fiddiini waddunya wal aakhirot aamiiin.

Hadirin – hadirot rohimana warohima kumullah .
Acara demi acara pengaosan wonten ing siang meniko sampun kalampah sedoyo .roh sak meniko dumawah acara ingkang ongko pitu , penutup , monggo pengaosan ing siang puniko kito tutup sesarengan kanti waosan Hamdalah, Alhamdulillahirobbil ‘alamin.
Saking kawulo pribadi kirang langkungipun nyuwun pangapunten ....
akhirul kalam Wassalamu’alaikum Wr.  Wb.